Thursday, April 30, 2009

Kuta!


Wehehe... Aja kaget aja wedi! Aja mlongo aja takjub! Sekang judule bae kowe-kowe padha mesthi wis ngerti. Yes! Bener banget, kuwe pas lagi pelesir maring Bali. Yaha... Kuwe nang pantai Kuta, panggonan pendelengan 'sunset' utawa matahari tenggelam. Ya ora mung sunset, ana maning 'sumur' lan 'sucipto'. Orasah takon kuwe maksude apa, mesthi anu wis ngerti. Ya, nang Kuta pancen apik pisan! Sunset apik, angin sepoy-sepoy, akeh sumur lan sucipto. Jan, apik temenan! Wis, ngsuk foto liyane!

Thursday, April 23, 2009

Prambanan? Haha...


Jogja! Jogja! Jogja! Ha! Kiye pas lagi plesir maring jogja lho. Maring Prambanan mbarang! Tapi ya ora mung Prambanan ya. Iki njanjane bukan dalam rangka plesir tapi pindahan dalemipun Bu Lik. Dadine ya ora gembrang-gembrong lunga ngana-ngene. Nah, beneran banget, malah ngajek marang Prambanan. Prambanan isih dalam rangka perbaikan pasca gempa wingi. Tapi, pesonanya tidak pudar. Malah ndadi mbangeti. Apik pisan yaqin. Oke, aja kelalen. Iki salah satu aset bangsa yang harus dilestarikan. Aja nganti direbut utawa diaku bangsa liya! Oke mas-mas, mbak-mbak.

Wednesday, April 22, 2009

Kelas kula


Hehe... Kiye kondisi kelas XI IPA 3, kelase kula. Ya, pada ndopok, arisan, bal-balan(ora kepotret), etc. Kuwe menggambarkan suasana kelas sing kondusif. Ya kondusif! Kenangapa? Lha kuwe, kebersamaan tercipta dari ndopok, sportivitas tercipta dari bal-balan, lan liya-liyane. Iya mbok? Ya iya donk! Oke, kapan-kapan arep tek pertontonkan SMA-ne, oke! Siki kelase disit.

Cilikane


Aja kaget disit nek weruh foto kuwe. Lha kenangapa? Kuwe kuwe gambare aku pas isih cilik. Isih kinyis-kinyis. Isih imoet. Jerene ora pada ngandel nek cilikane ya kaya kuwe. Jan, digatekna bae ya pancen nggantheng yo! Hahaha... Aja mbesengut kaya kuwe lah. Oke!! Kapan2 takwenehi foto kinyis-kinyis liyane.

Makan


Wis metu sekang baksoan nang alun-alun. Nang kulone. Enak mbangeti yaqin!