skip to main |
skip to sidebar
Nah, iki tempat wisata sing paling akhir. Tempat wisatane ana kota Bedugul. Nang Bedugul hawane anyes krenyes pisan yaqin... Pokoke BRRR..!! Iki kiye danau kedua terbesar di Bali. Sing paling gedhe ya danau Batur. Nang Bedugul, ana wisata air kaya Speedboat, Bananaboat, mancing, dll. Pokoke kepenak pisan! Haha... Sekian disit wisata Bali. Kapan-kapan takwenehi obyek wisata liyane. Okrek!
Iki salah sawijining obyek wisata nang Pulau Dewata. Saurunge wis ana foto Pantai Kuta, siki takwenehi foto Tanah Lot. Iki Pura tapi nang tengah segara. Wingi pas lagi air pasang, dadi ra bisa maring Pura-ne. Janjane angger lagi surut ya bisa maring tengah. Ya wis ya, ngesuk foto liyane...
Wehehe... Aja kaget aja wedi! Aja mlongo aja takjub! Sekang judule bae kowe-kowe padha mesthi wis ngerti. Yes! Bener banget, kuwe pas lagi pelesir maring Bali. Yaha... Kuwe nang pantai Kuta, panggonan pendelengan 'sunset' utawa matahari tenggelam. Ya ora mung sunset, ana maning 'sumur' lan 'sucipto'. Orasah takon kuwe maksude apa, mesthi anu wis ngerti. Ya, nang Kuta pancen apik pisan! Sunset apik, angin sepoy-sepoy, akeh sumur lan sucipto. Jan, apik temenan! Wis, ngsuk foto liyane!
Jogja! Jogja! Jogja! Ha! Kiye pas lagi plesir maring jogja lho. Maring Prambanan mbarang! Tapi ya ora mung Prambanan ya. Iki njanjane bukan dalam rangka plesir tapi pindahan dalemipun Bu Lik. Dadine ya ora gembrang-gembrong lunga ngana-ngene. Nah, beneran banget, malah ngajek marang Prambanan. Prambanan isih dalam rangka perbaikan pasca gempa wingi. Tapi, pesonanya tidak pudar. Malah ndadi mbangeti. Apik pisan yaqin. Oke, aja kelalen. Iki salah satu aset bangsa yang harus dilestarikan. Aja nganti direbut utawa diaku bangsa liya! Oke mas-mas, mbak-mbak.
Hehe... Kiye kondisi kelas XI IPA 3, kelase kula. Ya, pada ndopok, arisan, bal-balan(ora kepotret), etc. Kuwe menggambarkan suasana kelas sing kondusif. Ya kondusif! Kenangapa? Lha kuwe, kebersamaan tercipta dari ndopok, sportivitas tercipta dari bal-balan, lan liya-liyane. Iya mbok? Ya iya donk! Oke, kapan-kapan arep tek pertontonkan SMA-ne, oke! Siki kelase disit.
Aja kaget disit nek weruh foto kuwe. Lha kenangapa? Kuwe kuwe gambare aku pas isih cilik. Isih kinyis-kinyis. Isih imoet. Jerene ora pada ngandel nek cilikane ya kaya kuwe. Jan, digatekna bae ya pancen nggantheng yo! Hahaha... Aja mbesengut kaya kuwe lah. Oke!! Kapan2 takwenehi foto kinyis-kinyis liyane.
Wis metu sekang baksoan nang alun-alun. Nang kulone. Enak mbangeti yaqin!